49 Pola Saloka


Judul : 49 Pola Saloka
link : 49 Pola Saloka


49 Pola Saloka

unen ajeg panganggone ngemu surasa pepindhan kang dipindahake wonge 49 CONTOH SALOKA

Saloka yaiku unen-unen ajeg panganggone ngemu surasa pepindhan kang dipindahake wonge.

1. Bathok bolu isi madu : Wong asor nanging sugih kepinteran.
2. Bebek mungsuh mliwis : Wong pinter mungsuh pinter, sijine kalah ubed utawa kalah trampil.
3. Dhandhang diunekake kuntul, kuntul diunekake dhandhang : Ala diunekake becik, becik diunek-ake ala.
4. Asu belang kalung wang : Wong ala (asor) ananging sugih bandha.
5. Asu gedhe menang kerahe : Luwih dhuwur pangkate, luwih gedhe panguwasane.
6. Ati bengkong oleh oncong : Wong duwe niat ala, ana sing nyarujuki, oleh dalan.
7. Baladewa ilang gapite : Ilang kekuatane.
8. Belo melu seton : Melu anut grubyug nanging ora ngreti karepe.
9. Cebol nggayuh lintang : Gegayuhan kang mokal bisane kelakon.
10. Cecak nguntal empyak/cagak : Gegayuhan kang ora timbang karo kekuwatane.
11. Dhemit ora ndulit, setan ora doyan : Tansah diparingi slamet.
12. Dom sumuruping banyu : Laku sesidheman kanggo nyumurupi wewadi.
13. Emprit abuntut bedhug : Prekara sepele dadi gedhe.
14. Endhas gundhul dikepeti : Wis kepenak isi dienak-enakake.
15. Gagak nganggo elaring merak : Wong asor (cilik) tumindak kaya wong luhur.
16. Gajah alingan suket teki : Lair lan batine ora padha bakal ketara.
17. Gong lumaku tinabuh : Wong sing kumudu-kudu ditakoni, dijaluki piwulang.
18. Idu didilat maneh : Menehi dijaluk bali (murungake kesepakatan kang wis diucapake).
19. Iwak klebu ing wuwu : Wong sing kena apus kanthi gampang.
20. Timun mungsuh duren : Wong cilik mungsuh wong kang duwe panguwasa.

( Baca juga : 46 Arane Kembang )

21. Timun wungkuk jaga imbuh : Wong bodho kanggone mung yen kekurangan wae.
22. Tunggak jarak mrajak, tunggak jati mati : Prakara ala ngabra-ambra, prekara becik mung kari sethithik.
23. Gajah ngidak rapah : Nerjang wewalere/janjine dhewe.
24. Gajah perang karo gajah kancil mati ing tengah : Wong gedhe pasulayan, wong cilik dadi kurban.
25. Yuyu rumpung mbarong ronge : Omahe magrong-magrong, sejatine kekurangan.
26. Jati ketlusuban ruyung : Kumpulane wong becik kelebon wong ala tumindake.
27. Jaran kerubuhan empyak : Wis kapok banget.
28. Kacang ora ninggal lanjaran : Pakulinane anak lumrahe niru wong tuwa.
29. Kebo bule mati setra : Wong pinter nanging ora ana kang merlokake.
30. Kebo ilang tombok kandhang : Wis kelangan, isih ngetokake wragat kanggo nggoleki.
31. Kebo kabotan sungu : Rekasa jalaran kakehan anak.
32. Kebo mulih ing kandhange : Wong lunga wis suwe, bali ing omahe maneh.
33. Kebo nusu gudel : Wong tuwa njaluk warah marang wong enom.
34. Kere munggah bale : Wong didadekake wong luhur.
35. Kethek saranggon : Sagrombolan wong tumindak ala.
36. Klenthing wadhah masin : Angel ninggalake pakulinan ala.
37. Kriwikan dadi grojogan : Prekara cilik dadi ngambra-ambra(gedhe).
38. Kutuk marani sunduk : Njarag marani bebaya.
39. Lahang karoban manis : Rupane ayu/bagus tur ya apik bebudene.
40. Lambe satumang kari samerang : Dituturi bola-bali tetep ora nggugu.
41. Legan golek momongan : Kepenak malah golek rekasa.
42. Opor belibis mentas awake dhewek : Rampung saka dayane dhewe.
43. Palang mangan tandur : Dipercaya malah gawe rusak
44. Pecruk tunggu bara : Dipasrahi tunggu sing dadi kesenengane.
45. Pitik trondhol diumbar ing pedaringan : Wong ala dipasrahi nunggu barang pengaji, wekasan malah ngentek-enteki.
46. Satru munggwing cangklakan : Mungsuh wong sih isih sanak sedulur.
47. Sumur lumaku tinimba : Wong sing kumudu-kudu ditakoni.
48. Tekek mati ulone : Nemu cilaka jalaran saka guneme dhewe.
49. Tumbu oleh tutup : Wis cocog banget.