Soal Uas Bahasa Jawa Kelas 4 Sd Semester 1 (Ganjil) Dan Kunci Jawaban

Judul : Soal Uas Bahasa Jawa Kelas 4 Sd Semester 1 (Ganjil) Dan Kunci Jawaban
link : Soal Uas Bahasa Jawa Kelas 4 Sd Semester 1 (Ganjil) Dan Kunci Jawaban

Soal Uas Bahasa Jawa Kelas 4 Sd Semester 1 (Ganjil) Dan Kunci Jawaban

A. WENEHANA TANDHA PING ( X ) AKSARA A, B, C UTAWA D SANGAREPE PRATELAN SING BENER!

1. Wong sing penggaweane ana ing sawah diarani ....
a. Nelayan
b. Petani
c. Pedagang
d. Dokter

2. Wit pari jenenge damen, yen wit jagung jenenge ....
a. Glugu
b. Ros
c. Tebon
d. Sinuwun

3. Pak Diki dodolan ana ing pasar
Ukara ing dhuwur iku basa kramane ....
a. Pak Diki sadean wonten ing peken
b. Pak Diki tumbas wonten ing peken
c. Pak Diki piwulang wonten ing peken
d. Pak Diki tindak wonten ing peken

4. Tanduran sing ditandur ana ing tegakan sak liyane pari kaya jagung, kedhele lan kacang iku diarani ....
a. Palawija
b. Pala kesimpar
c. Pala kependhem
d. Pala kitri

5. Wedang kopi, gula Jawa
Aja lali, .....
Terusane parikan ing dhuwur sing pas yaiku ....
a. Gawa gula
b. Ndang diumbe
c. Karo kanca
d. Kudu mbayar

6. Wong-wong yen lunga ing pasar biasane arep ....
a. Adus
b. Mangan
c. Rapat
d. Blanja

7. Mbak Santi nembe sare wonten kamar
Basa ngokone ukara ing dhuwur yaiku ....
a. Mbak Santi lagi mangan ana kamar
b. Mbak Santi lagi tata-tata ana kamar
c. Mbak Santi lagi turu ana kamar
d. Mbak Santi lagi istirahat ana kamar

8. Tembung ing ngisor iki sing ora kalebu penggawean yaiku ....
a. Nahkoda
b. Masinis
c. Sopir
d. Stasiun

9. Bayu yen wes gedhe pengen dadi dhalang, biar dapat ....
a. Ngobati wong lara
b. Nglakokake wayang
c. Nglakokake montor mabur
d. Ndadani montor sing rusak

10. Hasan  : “ ......”
Rudi : “ Aku yen gedhe kepengen dadi dokter.”
Pitakonan sing pas kanggo jangkepi pachelaton ing dhuwur yaiku ...
a. Kowe pengen nang ngendi yen wes gedhe?
b. Kowe pengen sekolah ana ing ngendi?
c. Kenapa kowe kepengen dadi dokter?
d. Kowe yen gedhe kepengen dadi apa?

11. Ing ngisor iki beksan klasik sing kanggo putri, kajaba ....
a. Gambyong
b. Golek
c. Gambir anom
d. Srimpi

12. Semar, bagong, petruk lan Gareng iku diarani ....
a. Kurawa
b. Punakawan
c. Ramayana
d. Pandhawa

13. Raden Gathutkaca iku satriya ing ....
a.  Pringgandani
b. Plangkawati
c. Jodhipati
d. Ngastina

14.
 C UTAWA D SANGAREPE PRATELAN SING BENER Soal UAS Bahasa Jawa Kelas 4 SD Semester 1 (Ganjil) dan Kunci Jawaban
Gambar wayang ing dhuwur yaiku Raden ....
a. Puntadhewa
b. Werkudara
c. Janaka
d. Nakula

15.
 C UTAWA D SANGAREPE PRATELAN SING BENER Soal UAS Bahasa Jawa Kelas 4 SD Semester 1 (Ganjil) dan Kunci Jawaban

Aksara Jawa ing dwuwur iku unine ....
a. Rahayu tuku gula
b. Rahayu tuku buku
c. Ayuk tuku buku
d. Bayu tuku gula

16. Raden Anoman iku satriya ing ....
a. Jangkarbumi
b. Kendhalisada
c. Plangkawati
c. Madukara

17. Permadi, Arjuna lan Janaka iku asma liane saka Raden Janaka. Asma iku tegese ....
a. Gaman
b. Garwa
c. Jeneng
d. Putra

18. Wong, beber, golek, klitihik lan purwa iku jenis-jenise ....
a. Punakawan
b. Wayang
c. Layang
c. Dhalang

19. Kanggo njaga biar desa lan lingkungan tetep kondusif lan ayem tentrem, para warga perlu ngadakake .... ing wayah wengi.
a. Kerja bakti
b. Gugur gunung
c. Kentongan
d. Siskamling

20. Tata tentreming bebrayan iku dadi tanggung jawabe ....
a. Pak RT
b. Kepala desa
c. Ketua RW
d. Kabeh warga

21. Bapak teka ana ngomah jam wolu bengi.
Pitakon kang bener kanggo wangsulan ing dhuwur yaiku ....
a. Sapa sing teka jam wolu bengi?
b. Ana ngendi bapak teka wingi bengi?
c. Kapan bapak teka ana ngomah?
d. Kepriye bapak dapat teka jam wolu bengi?

22. Sinta kui bocah sing gemi lan setiti. Gemi tegese ....
a. Ora praktis lali pelajaran
b. Ora gelem ngomong goroh
c. Pinter ngirit duwet sing diduweni
d. Seneng tetulung marang kancane

23. Kembange lagi (siram) Putri biar subur.
Tembung ing njero kurung iku sing bener yaiku ....
a. Nyirami
b. Siraman
c. Siramen
d. Disirami

24. Ukara ing ngisor iki sing ora nganggo katrangan panggonan yaiku ....
a. Bayu mangan roti bolu ing wektu esuk
b. Jaya lagi dolanan ana ing lapangan
c. Santi lagu nyapu ana ing latare
d. Ahmad tumbas beras ana ing pasar

25.
 C UTAWA D SANGAREPE PRATELAN SING BENER Soal UAS Bahasa Jawa Kelas 4 SD Semester 1 (Ganjil) dan Kunci Jawaban
Aksara Jawa ing dhuwur iku unine ....
a. Ibu menyang sawah
b. Bapak menyang kantor
c. Ibu menyang pasar
d. Hadi menyang sekolah

( Jika ingin mendownload soal ini, berikut linknya : Download Soal UAS Bahasa Jawa Kelas 4 (Empat) SD Semester 1 (Ganjil) dan Kunci Jawaban )

B. ISINANA CECAK-CECAK ING NGISOR IKI KANTHI WANGSULAN KANG BENER!

1. Jahe, kunir lan kencur iku diarani tanduran ....
2. Sinuwun iku arane kembang ....
3. Pak Rudi lunga nggawa jala ing kali badhe njaring iwak. Basa kramane iwak yaiku ....
4. Sepur, montor lan bis iku kalebu alat trasportasi ana ....
5. Sok yen wes gedhe saya pengen dadi ...... biar dapat ngulang bocah-bocah ing sekolahan.
Ceceg-ceceg ing dhuwur iku isine sing bener yaiku ....
6. Bu Ani iku guru beksan ing sanggar Kencana. Tembung beksan iku lugune yaiku ....
7. Raden Arjuna iku satriya ing ....
8. Otot kawat balung wesi iku candrane Raden ....
9. Semangka, timun, krai lan waluh iku kalebu jenis pala ....
10.
 C UTAWA D SANGAREPE PRATELAN SING BENER Soal UAS Bahasa Jawa Kelas 4 SD Semester 1 (Ganjil) dan Kunci Jawaban
Aksara Jawa ing dhuwur iku unine ....

C. ISINANA CECAK-CECAK ING NGISOR IKI KANTHI WANGSULAN KANG BENER!

1. Gawenana ukara basa krama nganggo tembung ing ngisor iki!
a. Badhe
b. Sampun
c. Saget
Wangsulan : ............................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................

2. Owahana ukara ing ngisor iki dadi basa krama!
a. Andi wes ora gelem numpak pit
b. Simbah durung bali saka pasar
c. Bapak wis lunga nang kantor
Wangsulan : ............................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................

3. Tulisana ukara ing ngisor iki nganggo abjad Jawa!
a. Adi lagi tuku buku
b. Bayu lagi lara sirahe
c. Rani lagi nyapu latare

4. Apa tegese saloka ing ngisor iki!
a. Bathok bolu isi madu
b. Asu gedhe menang kerahe
c. Kebo nusu gudel
Wangsulan : ............................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................

5. Owahana abjad Jawa ing ngisor iki nganggo goresan pena latin!
 C UTAWA D SANGAREPE PRATELAN SING BENER Soal UAS Bahasa Jawa Kelas 4 SD Semester 1 (Ganjil) dan Kunci Jawaban

Wangsulan : ............................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................

( Jika ingin mendownload soal ini, berikut linknya : Download Soal UAS Bahasa Jawa Kelas 4 (Empat) SD Semester 1 (Ganjil) dan Kunci Jawaban )

KUNCI JAWABAN SOAL ULANGAN AKHIR SEMESTER 1
BAHASA JAWA KELAS 4 SD

A. JAWABAN

1. b. Petani
2. c. Tebon
3. a. Pak Diki sadean wonten ing peken
4. a. Palawija
5. c. Karo kanca
6. d. Blanja
7. c. Mbak Santi lagi turu ana kamar
8. d. Stasiun
9. b. Nglakokake wayang
10. d. Kowe yen gedhe kepengen dadi apa?
11. c. Gambir anom
12. b. Punakawan
13. a.  Pringgandani
14. c. Janaka
15. a. Rahayu tuku gula
16. b. Kendhalisada
17. c. Jeneng
18. b. Wayang
19. d. Siskamling
20. d. Kabeh warga
21. c. Kapan bapak teka ana ngomah?
22. c. Pinter ngirit duwet sing diduweni
23. d. Disirami
24. a. Bayu mangan roti bolu ing wektu esuk
25. c. Ibu menyang pasar

B. JAWABAN

1. Empon-empon
2. Jagung
3. Ulam
4. Darat
5. Guru
6. Tari
7. Madukara
8. Gathotkaca
9. Kesimpar
10. Nakula Sadewa

C. JAWABAN

1. Gawenaana ukara basa krama nganggo tembung ing ngisor iki!
a. Badhe = Bapak badhe siram
b. Sampun = Simbah sampun kondur
c. Saget = Rani dereng saget maos

2. Owahana ukara ing ngisor iki dadi basa krama!
a. Andi wes ora gelem numpak bis = Andi sampun boten purun nitih bis
b. Simbah durung bali saka pasar = Simbah dereng kondur saking peken
c. Bapak wis lunga nang kantor = Bapak sampun tindak menyang kantor

3. Tulisana ukara ing ngisor iki nganggo abjad Jawa!
a. Adi lagi tuku buku
b. Bayu lagi lara sirahe
c. Rani lagi nyapu latare

 C UTAWA D SANGAREPE PRATELAN SING BENER Soal UAS Bahasa Jawa Kelas 4 SD Semester 1 (Ganjil) dan Kunci Jawaban

4. Apa tegese saloka ing ngisor iki!
a. Bathok bolu isi madu = Wong asor nanging sugih kepinteran.
b. Asu gedhe menang kerahe = Luwih dhuwur pangkate, luwih gedhe panguwasane.
c. Kebo nusu gudel = Wong tuwa njaluk warah marang wong enom.

5. a. Lina nyirami kembang

b. Deni sinahu ing kamar