64 Referensi Kerata Basa


Judul : 64 Referensi Kerata Basa
link : 64 Referensi Kerata Basa


64 Referensi Kerata Basa

Kerata basa yaiku ereta basa utawa jarwa dhosok yaiku negesi tembung kapirid saka wancahan 64 CONTOH KERATA BASA

Kerata basa yaiku ereta basa utawa jarwa dhosok yaiku negesi tembung kapirid saka wancahan wandane, utawa nguthak-athik tembunge biar mathuk.

Tuladha Kerata Basa :

1 Anak : Karep apa-apa kudu ana lan enak.
2 Bapak : Bap apa-apa pepak
3 Batur : Embat-embating tutur
4 Bocah : Mangan kaya kebo, gaweyane ora kecacah.
5 Brekat : Dideleh mak breg terus diangkat
6 Buta : Kalbu sing ora ditata
7 Cangkem : Yen ora dicancang ora mingkem.
8 Cangkir : Kanggo nyancang pikir
9 Cengkir : Kencenge pikir
10 Dhalang : Ngudhal piwulang
11 Denawa : Ngeden hawa ngumbar hawa napsu
12 Desember : Gedhe-gedhene sumber
13 Dongeeng : Dipaido ora mengeng
14 Garwa : Sigaraning nyawa
15 Garbu : Yen ora mbegar ora iso mlebu
16 Gedhang : Saged padhang, digeget kafe madhang.
17 Gerang : Segere wis arang-arang
18 Guru : Digugu lan ditiru
19 Gusti : Bagusing ati
20 Januari : Hujan saben ari

( Lihat juga : Soal PAI Kelas 5 SD Bab Nabi dan Rosul Dilengkapi Kunci Jawaban )

21 Kaji         : Tekade siji
22 Kathok : Diangkat sitok-sitok
23 Kodhok : Teka-teka ndhodhok.
24 Kotang : Sikute diutang
25 Krikil : Keri ing sikil
26 Kupat : Ngaku lepat
27 Kuping : Kaku njepiping
28 Kupluk : Kaku nyempluk
29 Kursi : Yen diungkurake banjur isi
30 Ludruk : Gulune gelo-gelo, sikile gedrug-gedrug
31 Maling : Njipuk amale wong sing ora eling
32 Mantu : Dieman-emani meksa metu
33 Maratuwa : Mara-mara ketemu tuwa
34 Nopember : Ana sumber
35 Ngelmu : Angele yen durung ketemu
36 Oktober : Untub-untube sumber
37 Pebruari : Yen mepe mburu ari
38 Piring : Sepi yen miring
39 Prawan : Yen pepara (leelungan) kudu wayah awan
40 Saru : Kasar lan keliru
41 Sejarah : Sejan ngarah (yen dina riaya/Idul Fitri)
42 Sekuter : Sambi sendheku mlayu banter.
43 Sepuh : Sabdane ampuh
44 Setir : Senajang singset tetep dapat muntir
45 Simah : Isine omah
46 Sinom : Isih enom
47 Sirah : Isine rah
48 Siti : Isine bulu bekti
49 Sopir : Yen ngaso mampir (ing warung).
50 Sruwal : Saru yen nganti uwal
51 Sulap : Yen kesusu bakal ketilap.
52 Tandur : Nata karo mundur
53 Tapa : Tatane kaya wong papa
54 Tarub : Ditata biar katon murub
55 Tayub : Ditata biar katon guyub
56 Tebu : Antebe kalbu
57 Tepas : Titip napas
58 Tumpeng : Tumindak sing lempeng
59 Tuwa : Untune wis rowa, ngenteni metune nyawa
60 Ukir : Ukurane pikir
61 Wanita : Wani ditata
62 Wedang : Dianggo gawe kadang
63 Wedhus : Suwe ora tau adus
64 Weteng : Ruwet tur peteng